Blogroll

Pages

Kamis, 21 November 2013

ARTIKEL PASANG TARUB

Artikel Jawa Pasang Tarub

Saking adat budaya jawi yaiku pasang Tarub, satunggaling adat tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Pasang Tarub dikagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini- sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku tersiar dipun sebat ingkang nunggoni, kanthi pangajab nderek ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados sarana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa golek papan wau saged cekap(amot)  lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub, jarang wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun arani. Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng nasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan ingkang penting; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten,. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel repete papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa.
Pasang tarub punika saking masang tratak lan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan  ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punapa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kados dene:
1.    Kelapa ganding
2.    Pisang Raja Ayu
3.    Tebu wulung
4.    Pari lan cantle
5.    ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp

Bab  Adat Jawa Pasang Tarub

V

0 komentar:

Posting Komentar